7 Langkah Nggawe Multimedia Pembelajaran

1. TEMTOKAKEN JENISING MULTIMEDIA PEMBELAJARAN
Saderengipun dipun gatosaken kanthi permati, media ingkang badhe kita damel menapa alat bantu kangge ngajar (presentasi) marang siswa utawi kangge dibekta wangsul siswa minangka piranti kangge belajar mandiri wonten griya utawi sekolah. Jenis multimedia pembelajaran manut ginanipun wonten kalih:
  1. Multimedia Presentasi Pembelajaran: Alat bantu guru wonten proses pembelajaran ing kelas lan boten nggantosaken guru sedayanipun. Arupi pointer-pointer materi ingkang kaparingaken/disajikan (explicit knowledge) lan saged kawuwuhan multimedia linear kadosta film lan video kangge ngiyataken lan mbiyantu pemahaman siswa. Saged kawedhar srana software presentasi kadosta: OpenOffice Impress, Microsoft PowerPoint, lsp.
  2. Multimedia Pembelajaran Mandiri: Software pembelajaran ingkang saged dipun manfaataekn siswa kanthi mandiri, tanpa pambiyantu guru. Multimedia pembelajaran mandiri kedah saged nggabungaken explicit knowledge (pengetahuan tertulis yang ada di buku, artikel, dsb) lan tacit knowledge (know how, rule of thumb, pengalaman guru). Temtu amargi minagka gantosipun guru, kedah wonten fitur assesment kangge latihan, ujian lan simulasi kalebet tahapan pemecahan masalah. Kangge level ingkang kompleks saged ngginakakenn software kados Macromedia Authorware utawi Adobe Flash.
  3.  
2. TEMTOKAKEN TEMA MATERI AJAR
Pilih tema bahan ajar ingkang manut  kita sanget mbiyantu pemahaman  siswa lan narik saupami didadosaken multimedia. Kedah dipun elingi tujuanipun damel media/multimedia pembelajaran inggih menika kangge ningkataken pemahaman siswa. Sampun ngantos kajebak mindahaken buku menyang media digital, amargi menika malah damel angelipun siswa.

3. SUSUN ALUR CERITA (STORYBOARD)
Susun alur cerita utawi storyboard minangka gambaran materi ajar ingkang badhe diparingaken. Sampun ngantos gadhah pamanggih storyboard perkawis ingkang nyusahaken, malah point-point kemawon saged minangka media. Cara damelipun kagolong gampil kanthi software pengolah kata utawi spreadsheet ingkang kita mangertosi, boten sisah muluk-muluk ngginakaken software pandhapuk storyboard professional. Kangge tuladha storyboard prasaja mawi powerpoint:

SLIDE ISI KATRANGAN
Wiwitan Menika layout dasar ingkang isinipun:  -         Menu Home
-         Menu Silabus
-         Menu Materi
-         Menu Evaluasi
-         Menu Pitulungan
-         Menu Keluar
Minangka file ingkang madeg piyambak kangge nimbali/mengeksekusi menu home, silabus, materi, evaluasi, pitulungan. Sedaya didamel setunggal folder lajeng ngginakaken hyperlink kangge nimbali saben menu.
Slide Home Isinipun gambaran sedaya prentah ingkang wonten ing materi ajar.
Slide Silabus Isinipun kajian kurikulum, SK, KD, Indikator,  ingkang badhe dipundamel media
Slide Materi Isinipun Materi ajar
Slide Evaluasi Isinipun Soal-soal latihan ingkang gegayutan kaliyan materi
Slide Pitulungan Isinipun sedaya pitedah bab  panganggenipun media

4. DAMELA WIWIT SAMENIKA!


Sampun ngantos nunda pedamelan saha ngulur wekdal, wiwita damel samenika ugi, Kembangkan ide panjenengan! Siapkan Openoffice Impress atau Microsoft PowerPoint panjenengan. Dipunwiwiti damel slide pertama, seraten bahan ajar ingkang badhe panjenengan wucalaken mawi multimedia. Lajengaken slide-slide kanthi jangkep, saged dipun paring gambar, swanten, music utawi lagu kangge narik kawigatosan siswa.  Kuncinipun inggih menika tlaten, sabar, lan boten gampil pupus ing pangudi. Boten wonten ilmu pengetahuan ingkang ujug-ujug dipunkuwaosi, sedaya mbetahaken proses.

5. GINAKAKEN TEKNIK ATM
Ginakaken metode ATM (Amati, Tiru dan Modifikasi). Knathi sering mirsani tuladha-tuladha ingkang sampun wonten kangge nuwuhaken ide.. Ginakakenn logo, icon lan image ingkang wonten kanthi default.

Menawi taksih kirang sreg:media pembelajaran
  • Madosi saking sawernanipun sumber.
  • Damel piyambak menawi saged.




6. NETEPAKEN TARGET
Njagi keseriusan proses belajar kanthi damel target pribadi saupami kangge ndherek lomba, memenangkan award, nyiapaken produk kangge disade, utawi deadline jadwal mengajar ing kelas. Target perlu supados  proses belajar damel multimedia pembelajaran kajagi lan saged lumampah kanthi kontinyu alias boten mandheg ing tengah-tengah. Kangge lomba lan award paling boten ing Indonesia wonten saperangan event nasional ingkang saged dipundadosaken target. Balai pengembangan multimedia lan dinas pendidikan nasional ing daerah wekdal menika kathah ingkang nyelenggarakaken event lomba ing tingkat lokal.
  • Teacher Innovation (Microsoft): Sekitar Mei
  • Lomba Pembuatan Multimedia Pembelajaran (Dikmenum): Sekitar Oktober
  • eLearning Award (Pustekkom): Sekitar September
  • Game Technology Competition (BPKLN): Setahun 3-4 kali di berbagai universitas
  • LPMP

7. INGAT TERUS TIGA RESEP DARI SUCCESS STORY
Kesuksesan bapak ibu guru salebeting ngembangaken multimedia pembelajaran sanes saking  kelengkapan infrastruktur utawi  lumimpahipun budget ingkang wonten, nanging saking:
  1. Wantun nyobi lan nyobi teras.
  2. Sinau mandhiri (otodidak) saking buku-buku ingkang wonten.
  3. Tekun lan boten gampil nglokro sinaosa peralatan winates.

(saking romisatriawahono.net lan sawernanipun sumber)

Jangan lupa baca yang ini juga



0 comments:

Posting Komentar

PEDOMAN KOMENTAR
Ayo berpartisipasi membangun budaya berkomentar yang baik. Pantang bagi kita memberikan komentar bermuatan menghina atau spam.
Kolom komentar tersedia untuk diskusi, berbagi ide dan pengetahuan. Hargai pembaca lain dengan berbahasa yang baik dalam berekspresi. Setialah pada topik. Jangan menyerang atau menebar kebencian terhadap suku, agama, ras, atau golongan tertentu.

Bangun sharing ilmu dengan berkomentar disini :